Entut in English

Leave a Comment

Guyonan Awan...
Kie ana cerita entut...
Sedulur pada...tek omongi, sing jenenge "entut" cempulek meh padha kambi judhul lagu basa Inggris.
Prekara kuwe tau detakokna neng Saino meng guru basa Inggrise...

SAINO : "Pak Guru, kula ajeng taken, nanging niki perkawis radi nyalawadi...".
GURU : "Ya ora papa No... Ari inyong teyeng njawab ya tek jawab. Agepan takon apa si Ko...?".
SAINO : "Menawi basa Inggrisipun 'entut' ingkang radi sopan si napa Pak..?".
GURU : "Wind Of Change".
SAINO : "Menawi ngentutipun mungel..?".
GURU : "Sound Of Silence".
SAINO : "Lha menawi ngentut ngantos medal empasipun sekedhik...?".
GURU : "Dust In The Wind".
SAINO : "Menawi ngentut nanging mboten nguja..?".
GURU : "Careless Whisper".
SAINO : "Lha menawi ngentut radi dipun tahan...?".
GURU : "Please Release Me".
SAINO : "Niki ingkang pungkasan Pak... Lha menawi ngentut mambetipun baseng sanget..?".
GURU : "Killing Me Softly...!".
SAINO : "menawi ngentut tek nglebet banyu ?"
GURU : "Smoke on the Water"
SAINO : "Maturnuwun Pak...!".

0 comments:

Post a Comment

Budayakan komentar dengan bahasa yang sopan.